Senin, 21 Mei 2012

NUTURI PLASTIK

"Kebersian kuwe sebagian sekang iman" 
iya ora kang? ( jerene pak ustade inyong kaya kuwe kang..) sendableg-ndablege inyong nek diwulang ya mesti jan ngrungokna inyong kang.. yu.. jajal nek rika pada.. hayuuh ngaku... mangkat isuk kang umah nembung ro mbokene tah sekolah.. njaluk sangu beee rongewu dewek... mayaar yaah... nggo numpak bis limangatus, sewu limangatus nggo dolan nang pasar paing karo ngenteni bakul dara teka.... jan... rika pada jan klakuanee.... hahahahaa...

     Kang.. yuu... lik... kabeh bae yah.. kiye ketemu maning karo inyong lah... siki nyong arep ndeplak kang.. kiye sandingane jan.. clebek di tor banyu panas.. arep ora kiye kang?? hahahhaa... kang.. nyong wingi anu tes nderep yah kang.. karo babad nang sawaeh lik rastam.. nah nang tengah ndalan inyong nglewati jembatan. inyong njajal mandeg nang tengah-tengah, tingak-tinguk ndeleng ngisor mbok ana iwak sepat liwat.. ( sepat... sepatu mbok...) hahaha.. jajal kang apa sing tek deleng kang.. KRESEK PLASTIK pada pating tumpuk ngumpul kampul-kampul nang nduwur banyu kang... haduuuuuuuuh lah... priyatin banget nyong yakin kang... nek pas banyune gedhe pa ora mbludag kebanjiren sing pipir brug kuweh yah kang.. nahhh.. inyong kiye ndeleng ada masalah Plastik kiye kang.. siki nyong arep ndeplak sing tek wei judul "NUTURI PLASTIK".

Jumat, 18 Mei 2012

GARA-GARANE si GHA_GHA

Terroookkk...Tok-tooookkkk...
Ee.... e... Jamane wes edan.. bumi gonjang-ganjing.. ganjing-gonjang bumine... hahahaha... Kiye dalang Djegung di rungoknaaa  hahahahhahaa... (hisstt.. aja seru2..) hahahhaaa...




      Kang...yuu.. kiye nyong menthungul maning lah.. hahaha.. nyong agep ngumpruk setitik kiye lah kang.. ngrumangsani apa sing dadi rumangsalah.. ndunya wis gonjang-ganjing nek kae jere dalange mau kae nang nduwur.. hahahaha.. nyong arep ngumpruk masalah kiye jere nang negerine nyong sing jan paling tek tresnani kiye ana kontorvesnsii..eehhh.. kontrolversi... alalalalaah kang... wis-wis... mengko salah ngomong bahaya.. hahaha.. ana gelutan kuwe anu jalarane GARA-GARA si GHA_GHA.

Sabtu, 12 Mei 2012

Otong Abung Tiiiyyeet...

" Otongabuuung tiyeettt,,,
endas gunduull pedettt...
eleleeleleehhh....
Otongabuuung njaluk duwite lahh... "
Huuuwaaahahahaa....
Tesih emut mbok kang... yuuu... kabeehh... kuwe tembangane nek ana montor mabung.. jan senenge poool mbok nek ana montor mabur.. haduuhhh genah anu bocah cilik ndesa maning... hahahhaha,,,, huussstt bubar-buabar... hahahahaha... aja dimin kang.. kiye ngeneh pada deplakan lah.. dari pada sing ora-ora kang.. hahaha.
.

Jumat, 11 Mei 2012

Kosa kata, Kata Kosa nang Kluwarga

Kang...
Lik.... 


     Kula nuwun.. kiye berdasarkan anu reques kang lik dasam, jere njaluk diwei kosakata dadi wong-wonge pada paham.. ya... kesuwun, nek kaya kuwe.. tapi sing mandan bingung yah... bahasane inyong kiye jan mandan angel di cerna.. hahahaha... lah wis pokoke nyong arep nulis kosakata-katakosa ya kang...
aja pada jotos-jotosan.. kiye kosakata-katakosa jeneng-jeneng sambatan keluarga. 
monggoh dipirsani ya....


  • Inyong : Saya, Aku, my self, I am
  • Kowe : Kamu, You

Rabu, 09 Mei 2012

R2N (Repek,Ramban, Ngarit) nang Talun

" Gag Ada Rotan, Repek pun Jadi " hahahaha...
Lik, yu, kang... kiyeh ketemu karo inyong maning yah.... hahahha... mangap kiye nyong tembe perjalanan jauh alias mengembara (kaya sung gokong bae yah ) hahaha.. sing penting aja jotos-jotosan ya kang..

     Kang kiye nyong arep Ngumpruk lah (esuk-esuk ngumpruk dipit lah go tamba klangenan ples kopi clebek kiyeh..) Kang.. Mbekayu...kiye siki nyong arep ngumpruk sing jenengane repek, ngarit nang talun. rika ngerti repek mbok kang, masa repek ora ngerti ya kebangeten yah.. jan.. SEMBLOTHONGAN kuwe jenengane Kang..kang...hahahaha.. Repek kuwe nggolet Pring utawane kayu garing sing tiba nang ngisor wit kang udu mbedul pager tamanane ewong yah... Saru kuwe jenengane.. hahahaha... nek ngarit lan ramban weruh mbok kang.. ya kuwe nggolet suket nggo empan wedus utawane kewan sing dingoni nang rika kabeh kang lah... hahaha..

Rabu, 02 Mei 2012

Nunut Ndeleng Pilem Kartun

Kulo Nyuwun... mangewu.. nemewu ya kena ngeneh.. hahahhaha...
Lik, yu, kang yuh pada ngumpruk yuh lah... kiye ngeneh.. aja ngliker-nguwer-nguwer dipit lah.. ngeneh pada dablongan.. pada umpruk-umprukan.. hahaha..ngasi ndowe ya mayuh ngeneh.. kiye ana ceblek sekilo tulih ngasi modar nek dilegh,, hahahahahha...

Nunut Ndeleng Tivi
     Siki inyong arep ngumpruk masalah nunut ndeleng tivi geh.. rika mesti gemiyen mbok ora duwe tivi.. ya pada.. nyong be ora duwe koh.. hahaha... njaluk di tukokna ramane be jan ora di tukok-tukokna.jan asem pisan...dumungsi di tukokna anu tivi buress jan.. nlangsani pisan mbok kang.. hahaha... ya dadi ne nyong gemiyen cilik nunut nonton tv nang nggone tanggane nyong kang.. aduuhh.. masaallah yah kang.. nyengitine poool yakin.. nonton tivi be ora olih watuk, dehem be ora ulih, ngasi ngelegh idoh kan moni. cleguk.. bee.. jan di ploroki.. hahahaha... mbrangas banget yakin.. nek anu jan ora nunut, tek gethak sisan.rubuhna antenane kapok... hahahhahaha..