"Kebersian kuwe sebagian sekang iman"
iya ora kang? ( jerene pak ustade inyong kaya kuwe kang..) sendableg-ndablege inyong nek diwulang ya mesti jan ngrungokna inyong kang.. yu.. jajal nek rika pada.. hayuuh ngaku... mangkat isuk kang umah nembung ro mbokene tah sekolah.. njaluk sangu beee rongewu dewek... mayaar yaah... nggo numpak bis limangatus, sewu limangatus nggo dolan nang pasar paing karo ngenteni bakul dara teka.... jan... rika pada jan klakuanee.... hahahahaa...
Kang.. yuu... lik... kabeh bae yah.. kiye ketemu maning karo inyong lah... siki nyong arep ndeplak kang.. kiye sandingane jan.. clebek di tor banyu panas.. arep ora kiye kang?? hahahhaa... kang.. nyong wingi anu tes nderep yah kang.. karo babad nang sawaeh lik rastam.. nah nang tengah ndalan inyong nglewati jembatan. inyong njajal mandeg nang tengah-tengah, tingak-tinguk ndeleng ngisor mbok ana iwak sepat liwat.. ( sepat... sepatu mbok...) hahaha.. jajal kang apa sing tek deleng kang.. KRESEK PLASTIK pada pating tumpuk ngumpul kampul-kampul nang nduwur banyu kang... haduuuuuuuuh lah... priyatin banget nyong yakin kang... nek pas banyune gedhe pa ora mbludag kebanjiren sing pipir brug kuweh yah kang.. nahhh.. inyong kiye ndeleng ada masalah Plastik kiye kang.. siki nyong arep ndeplak sing tek wei judul "NUTURI PLASTIK".