Senin, 23 April 2012

Dolanane gemiyen nyong kowe pada

     Geh sekabean bae ya.. nyong, kowe, kae pada gemiyen pas cilik mesti pada seneng dolanan. iya mbok?? lahh aja nglembo kowe.. biasane uput-uput temangkring nang ngarep umaeh batire.. nyeluki kon pada kumpul iya mbok?? nek ora kayan-kayane gemiyen kae wektune bar lingsir sore. gemrudug pada maringg ngarep latar amba.. genah gemiyen ora ana jenenge pe-es, internet, pa maning tivi.. lahh jarang-jarang yakin sing duweni tivi.. agep nonton tivi be ndadak nunut nang gone tanggane sing duwe. njagong nglesah.. lah jan melasi pisan ya. hahaha... Lik, yu, kang, man.. nyong agep ngumpruk dolanane gemiyen nyong rika kabeh pada dolanan ya.. kiyeh kira-kirane ya :



  • Jonjang umpet aliase Lithongan
     Emut ora jajal?? ngacung ya... hahaha.. Jonjang umpet utawane Lithongan kiye dolanane siji masang lah sing liyane pada umpetan guweh,, ana sing umpetan nang ngisor wit, ana sing menek wit, lah ana maning guweh sing umpetan ora mbalik-mbalik, malah nggo goletan batire.. jebul-jebule turu nang umah.. jan penjorangan banget yakin.. hahaha.. sing melas kuwe nek sing masang anu bocah cilik, jan dilombo gareng koh,, ya dadi masang terus.. hahaha...
  • Pepe-O an alias dos-dosan kayane
     Nek kiye dolanane pas gemiyen apa yah.. kelalen anu wis gemiyen banget sih.. hahaha.. kayan-kayane kiye dolanan sing masang nang ngarep madep ngarep trus liyane pada nang mburi. engko dimik-kedimik mlakune, kira-kirane sing masang ora weruh. dadi patung nek sing masang nylingak. nek kewenangan ya gantian masang lah.. malah ana sing api-api ora mlaku koh.. hahahaha
  • Suramanda
     Suramanda kuwe nyong ra ngerti asal mulane guweh kang ndi.. ijig-ijig menthungul ana sing gawa. nah nek kiye kayan-kayane cah wadon mesti tesih emut. iya ora jal?? ngakuu??? hahahaha... bahan-bahan sing dibutuhkan kuwe Pring nek ora ya kayu dawa lah (sing penting aja mbedul pagere wong) hahaha, trus kreweng (ngerti kreweng ora? lah masa kelalen? pecaan gendeng kaeh jenenge kreweng) wis aja akeh-akeh semeno baen. nah terus kuwe pring mau digawe nggo gawe garis bates. kotak-kotak-kathok,.. hahaha.. krewenge kuwe nggo GACHO (garan coklat, ehh salah... anu apa yah.. pokoke anu kaya tanda nggo sing  dolanan). jenise kuwe macem-macem ya mungkin nek beda daeraeh beda gole ngarani.. kiye ana, suramanda clacapan, ana suramanda disko lah macem wernane dadi nyong klalen. jajal sing emut ngacuungg.. nek ora ngacung ya bunthung.. hahahaha..  ngko sing menang kuwe ulih sawah kena go turu-an apaklekaran kuwe mbok.. hahaha..

  • Bengkat
     Bengkat kiye dolanane wong lanang sing pada seneng ya ora beda wong wadon ya kadang melu-melu.. bengkat kiye ane dolanan sekang ndi mbuh asale.pokoke nek beda daerah kuwe beda jenenge. sing di perlukna kuwe Watu gepeng kandel ya kena tipis ya kena, bentuke macem-macem ana sing kotak, segitiga, ya bunder tergantung slerane lah apa senemune sing penting diadegna bisa kira2 pas di patholkuwe tiba. ora ngejegeg ora gelem tiba.. dolanan kiye maen kiyeh.. nek dolanan biasane tengari sore bar ngasar kan srengengene ora patia panas. sing menang pokoke sing bisa ngrubuhna GACHO2ne batire sing pada ngadeg.hahaha.. kaya kuwe...
  • Umah-umahan
     Kiye dolanane cah wadon, gemiyen kuwe ora ana lotrean yah.. ora nana sing jenenge boneka ya apa bae maceme siki. dadi dolanane kuwe se anane.. dolanan umah-umahan kiye bahan-bahane ya mung pasing garing. di bentuk kotak-kotak kathok.. hahahaha.. cilik-cilik ana lawange kang kreweng lah wong2e kang watu-watu cilik krikil udu bribil ya.. hahaha.. kiye ana cerita, nyong gemiyen kan anu nek awan ora seneng turu awan, dadi ya melu2 cah wadon pada dolanan. ngriwugi sih ora dadi mung melu-melu thok.. hahaha.. nah pas kuwe nyong kan nggoleti pasir, usrek-usrek mbang mbenthongol mblindi-mblindi ujarku krikil,,ealaahh malah "ee ucing" waahh ya gelisan tek umbah.. ora ilang-ilang guweh ambune.. asem jere.. hahahhaa
  • Dir-diran
     Hayoh pada dir-diran... hahaha.. basa nasionale kuwe klereng alias gundu.. lah nek nyong pada ya jenenge Dir (wong bentuke mbok mblindi werna-warni maning) cara dolanane ya kuwe biasane uduh, ana sing uduh loro, ana telu ya kadang nek wani ya ngasi lima.. trekgantuk,trekgandeng sing arep dolanan.. carane ya beda2 ana sing di sentlik, ana sing di srodokna lah wena-werna ya asik-asik pula. hahaha.. sing menang ya sing ulih akeh.. ngetokna uduh kang bunderan kuwe mau. pokoke titis-titisan lah.. sing titis ngincer ya menang.. kecuwali sing beruntung.. hahahaha



     Oahemmmm..arip koh.. ya semene disit ya.. nek ana sing arep urun ide,ngeneh dikomen ya.. ben pada rembug ngeneh lah.. cukup semanten, sedaya lepat nyuwun ngapunten ya.. kosong-kosong lah pokoke,, hahahah...











0 komentar:

Posting Komentar

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....