Rabu, 02 Mei 2012

Nunut Ndeleng Pilem Kartun

Kulo Nyuwun... mangewu.. nemewu ya kena ngeneh.. hahahhaha...
Lik, yu, kang yuh pada ngumpruk yuh lah... kiye ngeneh.. aja ngliker-nguwer-nguwer dipit lah.. ngeneh pada dablongan.. pada umpruk-umprukan.. hahaha..ngasi ndowe ya mayuh ngeneh.. kiye ana ceblek sekilo tulih ngasi modar nek dilegh,, hahahahahha...

Nunut Ndeleng Tivi
     Siki inyong arep ngumpruk masalah nunut ndeleng tivi geh.. rika mesti gemiyen mbok ora duwe tivi.. ya pada.. nyong be ora duwe koh.. hahaha... njaluk di tukokna ramane be jan ora di tukok-tukokna.jan asem pisan...dumungsi di tukokna anu tivi buress jan.. nlangsani pisan mbok kang.. hahaha... ya dadi ne nyong gemiyen cilik nunut nonton tv nang nggone tanggane nyong kang.. aduuhh.. masaallah yah kang.. nyengitine poool yakin.. nonton tivi be ora olih watuk, dehem be ora ulih, ngasi ngelegh idoh kan moni. cleguk.. bee.. jan di ploroki.. hahahaha... mbrangas banget yakin.. nek anu jan ora nunut, tek gethak sisan.rubuhna antenane kapok... hahahhahaha..



     Genah gemiyen mangsane bocah isih cemindil mbok lagi seneng-senenge karo jenenge kartun ya kang. Jan keri sedina aduhlah,..... liyane pada ndeprus.. nyong mung kelod-kelod ngelegh idoh.. hahaha.. karo melu mesem-mesem hahahaha.. genah anu keri cerita koh.. hahahaha...Jan.. jan.. jenengane be bocah cilik yah kang.. lagi lucu-lucu ne apa unyu-unyu.. hahaha.. ya kaya kuwe nek bahasane bocah siki guweh.. lahhh.. ana-ana bae yakin.. sing penting aja jotos-jotosan ya.. hahaha...

    Kang,yu sing pada methingkles ngeneh gole ngumruk,, aja adoh-adohan ya..disambi kuwe kopi ceblek karo gorengan ketane gaweane karsiwen.. mayar mbok.. hahhahaa.. kiye ana pilem-pilem sing menurute inyong tau lah di deleng nang rika nyong kabeh pas gemiyen cilik-cemendhil... diantarane sing pas panas-panase kiye :


  • Dragon Ball Z
GOKU
     Hiyuh jajal sapa sing emut jal.. hahaha..ngacung.. sing ngacung tek wei lempung..hahaha.. lakone kuwe jenengane GOKU. rambute njabrig kaya susuh manuk kang..bisa malik-malik maning.. tapi nek ilmune utawane ajiane wis duwurr.. pas nyong ndeleng kuwe... GOKU pas isih cilik kayonge ya tesih mengembara cara-carane anu kon klayaban nang rama-beyunge nggolet sing jenenge ball naga (udu bal sing nggo bal-balan luh kang..hahahaha). acarane angger gemiyen kuwe nek ora salah.. lah anu nyong mandan setititk kelalenan koh.. hahaha.. kuwe labuh jam 08.30 tekan jam 09.00. jan mbok mung sepetit critane tapi jan angger keri critane.. haduhlah... ya kaya kae mau nang nduwur.. clamodan ngeleg idoh karo melu mesam-mesem. hahahaha.. 

  • BAJA HITAM ER_EKZ
Baja ireng eR_Ek
     Lah kiye kang.. jan pahlawane inyong kiyeh.. hahahaha... Ora jan anu wong ditopengi bee jan rasane seneng pisan angger ndeleng.. mangsalaeh yah kang.. kiye sing jenenge baja hitam atawane baja ireng-tunteng kiye bisa mabur,saltho,tendangane jan medeni pisan kang. bisa murub.. kuweh mbok ajaib pisan.. hahahaha.. Lagh ya embuh.. hahaha..bodo-bodoa sih ya ngonoh..sing penting aja pada jotos-jotosan ya kang.. saking senenge kuwe maring baja hitam er-ekz yah.. nyong tuku topeng-topengan nang kondangan. kuwe kan nyong gemiyen sering melu mbokene nyong kondangan. mengko baline akeh wong dodolan, nah kuwe nyong nggolet topeng-topengan njaluk di tukokna nang mbokene. hahaha.. mboke.. kesuwun ya lah.. hahahhaa.. tekan ngumah ya tek nggo lah.. mbok iya-iya a bisa mabur kaya baja hitam. hahaha... masia munggah meja trus bruk tekan lemah.. hahaha... aduh--duhh--duuhhlah.. hahaha.. motor trille baja hitam kuwe nek ora salah jenengane anu belalang tempur..apa yah kang.. nah kuwe pit. ngerti pit mbok rika kabeh.. pit te nyong tek jenengi pit belalang kumbang.. jan mbok nyong bener-bener fans sing kelombon,... hahahhahaha.. tapi ora papa lah.. sing penting aja pada jotos-jotosan ya kang.. hahahhaa

  • Kungfu Saolin ( BOBOHO)

boboho
     Kiyeeh Kang.. mesti ngerti lah.. aja nglombo.. wong gemiyen mbok bareng gole nonoton. nunut methingkles nang ngarep dewek maning. hahahahaha... kiye nyong ana crita semending kang,yu.. hisss.. aja mrenges dipit lah.. kuwe untune kuning-kuning koh yah... hahahhaha..  pas kuwe nyong ndeleng karo sohibe nyong sing jenenge ora susah lah,.. mengko Ge_Er hahahhaha.. jenenge si JQKA ( kaya rumen yah kang.. hahahha) Nah mlebu cerita kiyeh kang.. kan angger ndeleng kuwe methenteng nang ngarep dewek dadi ya ngerti critane kang.. hahha.. bar nonoton critane dadi pengin melu-melu koh kang.. hahahah (sing penting aja ndeleng sing ora-ora ya kang..hahahha)



     Lagh kuwe bar rampung kuwe nyong karo si JQKA kiye dolan-dolan.. biasa arep pamer tes ndeleng pilem saolin.. hahahhaha.. kuwe ana sekumpulan apa anu apa yah.. ya ana wong lagi pada dopokan karo ngempani anak-anake.. lah nyong karo si JQKA kiye melu nimbrung karo arep pamer jurus ya kuwe kang.. nah ciaat..ciaattt..ciiaatttt jan kaya BOBOHO pisan kang.. jempaleran ngalor ngidul kaya ebeg-ebegan.. hahahhaaha.. pas jurus sikil di unggahna nduwur yah kang.. mak Peeeeerrrreeeettttt,,, kathoke nyong bedaaaahhhh.. ya jan isine nyong jan.. asemmmmm.... aseeemmmmm...  isin pisan jan nyong... bedah ngasi sekang plakangan tekan pucuk sikil.. ya gelisan nyong balik badan bali ngumah malah tekan ngumah di guyu lataan nang mboke karo yayune "PECICILAN KON..."   Jan.. asemmmm...aseeemmm ya kecruuutt,... eh kecut koh... hahahahahahaha...


Ya cukup semanten kang sing bisa nyong kumprukna kang.. aja salah paham nyong kiye ora nana unsur ngenyek-tembelek utawane liya-liyane kang.. Sing penting aja jotos-jotosan ya kang..
Cukup semanten njih kang, yu, lik..












0 komentar:

Posting Komentar

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....