Jumat, 18 Mei 2012

GARA-GARANE si GHA_GHA

Terroookkk...Tok-tooookkkk...
Ee.... e... Jamane wes edan.. bumi gonjang-ganjing.. ganjing-gonjang bumine... hahahaha... Kiye dalang Djegung di rungoknaaa  hahahahhahaa... (hisstt.. aja seru2..) hahahhaaa...




      Kang...yuu.. kiye nyong menthungul maning lah.. hahaha.. nyong agep ngumpruk setitik kiye lah kang.. ngrumangsani apa sing dadi rumangsalah.. ndunya wis gonjang-ganjing nek kae jere dalange mau kae nang nduwur.. hahahaha.. nyong arep ngumpruk masalah kiye jere nang negerine nyong sing jan paling tek tresnani kiye ana kontorvesnsii..eehhh.. kontrolversi... alalalalaah kang... wis-wis... mengko salah ngomong bahaya.. hahaha.. ana gelutan kuwe anu jalarane GARA-GARA si GHA_GHA.



      Nyong kan angger esuk sedurunge nyong lunga meng sawah maca brita kang.. ya mandan kemajuan lah kang.. hahaha.. tangi turu, adus, medang clebek se-ons.. terus digorengna ketan nang nyonyaeh.. jan... asemmm gaol banget yah kang.. hahaha terus maca koran nyong mau isuk-isuk kang.. masalaeh ngko nggo dopokan karo agan ngumpruk karo kanca maculku kang.. hahaha..

      Mau isuk yah kang.. nyong kan lagi medang clebek karo macit cuwilan ketan kang.. hahaha.. kuwe nyong maca ana masalah gara-garane si gha-gha.. jan jenenge maen pisan yah kaya werna parine nyong kang.. hahaha.. kontroversi nek bahasa landane kang.. basane dewek ya anu agi pada ribut kang.. jan ana-ana bae yah kang.. siiitt.. siiiittt... wasiiit... hahaha.. rika kiye ngerti gha-gha ora kang?? laahhh ndeos temen rika kang ora ngerti... mesti ora duwe tivi ra tau ndeleng koran.. jan... ndeoooooossss banget rika yakin kang.... hahahahaha...

      Si Gha-gha kiye anu penyanyi kang.. tukang nembang.. udu penyanyi sing pathing penyonyo loh kang.. hahahahaa... gha-gha kiye anu penyanyi alias thukang nembang sekang benua adoh kang.. mbuh nyong ra mandan ngerti koh kang.. hahaha.. lah kiye ana jalarane angger nembang, ya tembangane,ya klambine, ya ambune juga kayan-kayane kang... jarene ora sepadan karo bangsane dewek kang.. lahhh nek anu jere inyong tah mending ndeleng LENGGER pa SINTREN, SINDENAN genah yah kang.. megatt-Megoot jan.. nylekamin pisan.. hahahaa...



      Genah anu lagi digandrungi utawane lagi di gemblungi nang bocah-bocah siki yah kang.. lah nek nyong rika pada sih ra kepikiran ngonoh-ngonoh ya kang.. tapi kiye menurute inyong jan anu sebuah,sewit sing kudu dipecahna..(kaya gelas bae yah kang dipecahna) hahahhaa.. kiye jere lagi ditentang nang wong panduwuran kang.. nek wong panginyongan ya anu beda yah kang.. hahaha.. jere brita sing tek waca kaeh mau yah kang si GHA_GHA kiye ora ulih gep nembang nang negerine dewek kang.. lagi di tentang kiye kang.. nek anu menurute inyong dewek yah kang.. aja ditentangi lah sing barang kaya kuwean yah kang.. seni.. nek menurute sapa bae kuwe bebas yah kang.. arep megat-megot ya terserah.. sing penting dewek sing ndeleng aja melu-meluyah kang.. melu GEMBLUNG kannngg... hahahhahahaaa...

      Sing jenenge era globalisasi atawa jaman edan kiye.. genahh apa bae bisa dadi gemblung yah kang.. sing penting dewek dadi bangsa, sebangsa, sedulur aja pada JOTOS-JOTOSAN, aja pada GELUT anu masalah kaya kiye thok yah kang.. geeehhh... sing penting bocah-bocah siki pada dibentengi ben sing jenegane LENGGER,SINDEN,JAIPONGAN,SINTREN kiye aja ILANG.. pa maning ngasi di COLONG.. kuwehhhhh... sing nyolong KUCING GARONG maningg.. hahahahaaa.... emuuutt... kiye negeri sing ngaturna tata-krama lan unggah-ungguh.. dadi ya kudu di pertahanna ngasi kapan bae kang.. aja ngasi ILANG pa maning di COLONG..!! (domongi kuwe bocah-bocaeh kang..yuuu..likkk)

      Wiiis dimin kang.. kuwe pesene nyong karo rika kabeh kang.. mayuh bareng-bareng nguri-nguri apa sing wis dadi anune dewek ya kang.. yuuu... aja terus malah bebeh, pa maning isin.. keplak sisan.. hahahaha.. hiiissss... aja pada jotos-jotosan ya kangg...

" AJA PADHA JOTOS-JOTOSAN merga sepele kaya kiye.. LESTARIKNA apa sing wis dadi DUWEKKE dewek !!! "





2 komentar:

  1. wis jamane kudu kaya kuwe lik...
    jorna baen lah
    asal sopsan esih gelem lenggeran wis cukup

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hahaha.. iya kang Rawins.. matur suwun wis mampir kang.. jaman ya pancen berubah.. tapi ya dewek sebage wong sing trena maring negeri ya kudu pada2 njaga. ben ora ilang.. pa maning ngasi di colong.. hahahaa.. kesuwun ya kang...

      Hapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....