Sabtu, 23 Juni 2012

Mayuh pada Tuku Jajan..

Lamikum...

     Sugeng ngwantosaken dumugi sinten kemawon lah.. Kang.. yu.. ngapurane kiye nyong tembe mosting ya.. ket wingi ana Lawatan meng luwar kota koh.. ( jan.. mbok ora kalah karo padane pejabad karo mpersidenlah..) hahahaha.. hisst.. aja seru-seru mbok tanggane krungu lah.. hahaha...
      Kang-yu-lik-man... kabeh baen lah.. kiyeh wingi nyong tes dolan-dolan yah kang.. nggawa ulih-ulih kiyeh kang.. arep ora kang.. hahaha.. kiye anu gara-gara ponakane nyong njaluk maring pasar kang.. jere njaluk di tukokna jajan koh kang.. lah anu duwit se imprit ya tek bagek-bagekna ponakan dimin.. ya idep-idep nyenengna ponakan... dadi nek diprentah kon tuku klembak gagean pada mangkat.. hahaha.. malah curhat.. hahahaha.. aseeeem yah.. wis kiye nyong arep ngumpruk kang.. soal jajanan lan panganan tradisional sing aja ngasi ilang lan terus tek uri-uri ngasi ngemben anak putune dewek yuu-kang.. kiye kan anu warisane kaki-nini ne dewek yah kang.. Langsung bae kiyeh kanglah.. macem-werna Jajanan Khas Wong ngapak  :
  • Apem


Emut Ora kiye kang.. kiye Apem kang.. rasane jan.. mak_nyleng kang... mbuh gawene kang ama jan menul-menul pisan kiye kang.. kanyes-kanyes kang.. warnane ya macem-macem kang.. ana abang, ana ijo.. ya karepe milih dewek kae tuku maring nini karwen... hahahaha.. kiye seglunthung mandan larang siki kang... Telungewu kuweh kang... kena nggo nyambi medang clebek yah kang... hahhaa...


  • CHE_THIEL

Eaalaahhhh kang kiye cethil kang.. dicicip methil maning.. hahahha.. gemiyen nek pas nyong tesih cemendil yah kang.. cemilane kiyeh kang.. tukune maring nini risem, bakul janganan nek ider kuwe esuk-esuk.. hahaha.. wingi nyong tuku kuwe sebengket limangatus kang.. rasane kanyel-kanyel kang.. anu achi karo apa kae nyong kelalen koh kang, di uwur-uwuri gulan pasir kang.. pokoke kanyel-kanyel kang... hahhahaha...


  • CiWeL Ireng


Ora kalah karo jajan liwane kiyeh kang... jenenge CiweL Ireng. masalaeh gole mangan kuwe di BETHOT tapi ora di iwil-iwil loh kang... yuuu... hahhahaha.. apa kuwelah... hahhahaha.. Wis nganah nek anu kangen digolet bae maring pasar.. pasar paink,pon,wage,kliwon,pa maning manisan.. lah.. akeh ndiugh kang..yuu.. hahhaha...

  • Cle_PHONE
Kiye jenengane klepon kang.. njerone isine bom... hahhahaa.. ding udu kang.. isine kuwe gulabedan.. ehh/// gula jawa koh kang.. nduwure di uwur-uwuri parudan klapa kang.. hisstt pokoke ngepengini kang.. jajal bae nganah... hahahhahahaha... LAnjuuutttt...

  • GalunDheng
Kiye Jajan sing maregi kang.. hahahaha.. kiye nyong nemu sing nduwure disogi wijen kang... jajal bae nganah digolet kadar sewuan ikih kang... hahahaha...

  • GeThuk_karo Gethuk MawuuuuRrrrrrrrrr

Kiye sih wis jelas yah kang.. aneka gethuk macem wernane.. ana mawur, ana lindri, ana sing kang daerah dewek-dewek.. dadi digolet bae nganahlah.. rasane... NYLEKAMIN pokoke... 

  • Lemet
Mettt...Lemeettt.... nyeeeLLL-- KanyeLLL.. nek bar traweh kadang ya kiye jaburane... hahhaahhaha.. 

  • ONDHE_ONDHE
onde mande.. hiiissss udu kang,,,, kiye ondhe-ondhe sing nduwure diuwuri wijen njerone cangjo kang.. maregi kiyeh kang.. 

  • Loup_Piss
Damaiiiiii... kiyeh jan panganan jan.. kesenange nyong.. angger lagi lautan tes met gandul mesti nggoleti kiye kang.. sandingane nyong.. aliaas dadi sajenen nyong ya kena kang... hahahhahahaa... Legi rasane kang.. hahhaha..


Kang--yuuuu.... cukup semanten kiye kang info sing tek wehna.. anu jenengane panganan utawane jajan kuwe akeh wernane.. ya kiye jajan sing tek weruh nang njero pasar.. dadi ya ngapurane nek ana sing kurang.. 
Cekap semanten gole ngumpruk ya..
Blajar nguri-nguri budayane wong Panginyongan...



5 komentar:

  1. Ciwel ireng kuwe jolang dudu yah? Gawene nganggo bodin (singkong) dudu?

    BalasHapus
  2. @ yu millati indah

    ciwel ireng ya kang budin yu... nek gawene tah nyong ra ngerti.. udu nyong sing dodol sih... kur wingi tuku nang pasar sampang-maos-silacap... hehehehe

    BalasHapus
  3. cenil, lupis, apem, onde-onde, klepon, ondhol2 asin sing di sindik, kangeeeeen :3

    BalasHapus
  4. lanjutnya kang! terus lestarikna basa jawa

    BalasHapus
  5. hahaha..
    mantap nih postingan.. paling enak caraku galundeng lik..

    BalasHapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....