Rabu, 25 April 2012

Seandene Nyong dadi Presiden ...

Ndjenduwal...... owok-owok.. obokz..obokz... hahaha...
lik..yu.. kang... kiye nyong agep ndeplak semending lah.. hahahaha... dari pada sing ora2.. iya mbok.. iya kang.. iya yu,,, hahaha...


   Siki nyong agep ndeplak dadi presiden lah.. mbok urung ana yah presiden kang nggone dewek.. jajal yah seandene nyong dadi presiden guweh judule.. maen ora kang?? haha.. lah arep maen mbuh ora.. jaka tingkir, ngeburna dara.. pikir sih ora.. hahaha.. sing penting aja penting lih ora penthung2an ya kang.. hahaha
     Crita-critane kiyeh nyong lagi arep mengande-ande lah.. lah mbuh kedaden mbuh ora yah ngonoh.. bodo-bodoa sih.. hahaha.. kiye nyong anu terinspisapi.. eh.. terinspirasi koh yah.. asem jere.. maap ya.nah anu mandan ora ngerti bahasa kaya kuwean koh.. hahahaha.. maklumlah lulus ES-ED



     Ya mayuh pada dimulai gole dopokan apa anu ndeplak kaya alap-alap.. hahaha.. seandene yah inyong kiye dadi seorang presiden.. pertama ya calon yah, masa ijig-ijig dadi presiden ya semblothongan lah jenenge,,, hahaha.. nah kiye crita-crita dadi calon yah.. kuwe nyong agep ndaftar disitlah.. ndaftare nang gone luraeh apa yah.. hahaha.. do-o banget inyong yakin.. hahaha... pokoke ndaftar lah.. nyong ora arep politik2an lah.. kesel ngalor-ngidul njaluk dukungan. dadi dewek apa anane lah.. iya mbok lik.. wis pokoke karo masyarakat kudu apik... ya apik kuwe sing kpriwe ya rika kabeh wis pahamlah.. sapa nandur ya ngemben bakalan nggunduh.. ya nek rika nandur kecombrang ya ngundueh kecombrang.. nandur ganyong, ya ngundueh ganyong.. mbok ora mungkin arep nandur jae ulieh sega mateng.. ya nek jaene di dol ya kena go tuku beras ya kang.. kena go isi weteng sing kempong.. bener yah kang.. hahaha...

     Nah kiye critane wis pemilu, nyong ra arep sing kaya uwis-uwis lik lah.. nyengsarakna malah dadi gawe masyarakate.. jujur-jujuran bae.. arep milih ya ngonoh, arep ora milih ya ngonoh lah.. wong sing penting mbok nyong wis nandur kebecikan kae mau.. iya ora kang?? ya mbok ndilalaeh anu rejekine nyong.. iya mbok kang.. kabeh wis ana dalane dewek-dewek lah.. sing penting kaeh mau gelem nandur kebecikan karo uwong kabeh..

     Kiye nek inyong wis dadi presiden yah.. nyong agep ora melu-melu batire sing uwis-uwis.. nyong agep nggawe program mandiri nggo masyarakate kabeh.. ya kuwe karo :

  • Program Gempyok Mandiri (PGM)
     Program apakuwe kang?? kiye anu progam nggo kabeh masyarakat sing tek bina lan tek ayomi.. program kiye bertujuan biar agar supayane uwong-uwong bisa blajar usaha dewek-dewek aja mung tuku. pa maning madhong.. lah.. kapan majune.. iya ora kang?? pokoke nyong ora arep nyokong apa2 lah.. nyong mung arep mbantu ben masyarakate pinter, cerdas-cerdas kabeh lah.. ben ora dilomboni. isin kaeh karo tanggane wis pada maju koh yah.. haduh-haduh.. carane ya aweh pengetahuan guweh.. pengetahuan sing bisa dadi wacana nggo ngarepe lan kemajuane masyarakate. contone yah nyong agep mblajari bakul tenong, tek blajari gawe tenong sing apik sing bisa ngasi di ekspor meng ndi bae.. hahaha..
  • Program Babat Serabad (PBS)
     Progam kiye anu kelanjutane kang program kae mau nang ngarep.. eh kuwe sing nang nduwur koh.. maap-maap kang lah.. mandan macek-ngalis koh gole nulis.. hahaha.. kiye be nyureng-nyureng ora genah. okehhh kita berlanjut ya.. program babad serabad kiye nyong udu arep mbabad sing ora genah loh kang.. tapi nyong agep menggalangkan pengangguran, preman ya kabeh lah sing ora tau kerja, kon kerja lah.. gawe kerjaan kang.. melas mbok sing cokan nganggur pa maning anggur-angguran.. jan melasi mbok, kerja ora, malah ngenthong2na hahaha... ya kuwe kon melu wong dodol tenong, kan mbok pada bae kerja kang.. ora mung madhoooonngg thok isine,, hahaha... 

  •  Program Gejug Lemah meng nduwur (ProGeWur)
     Lah kiye kang mandang musmet kayong-kayonge lah.. anu kiye program koh kaya ajiane sembara yah.. hahaha.. udu kang... kiye anu program nggo masilitasi wong-wong sing kae mau dodolan tenong kang.. mbok melasi kang dodol tenong kon umaeh nang pinggir pereng.. dadi ya tek tukokna nggon, tek gawekan panggon ben bisa tekan ngendi ora kang.. bisa ngekspor tekan luwar negri kana lah.. dadi aja isin..tenong tapi muthakhir.. hahahaha..

     Kuwe nek nyong dadi presiden loh kang, nek ora ya tetep mendukung sepenuhnya keputusane kabeh.. hahahha.. cukup sekian ya kang.. anu matane nyong mandan lier-lier koh.. hahaha.. sekian dari si inyong kiye.. nek bisa ngguyu ya tek wei kiye jempol sapi se trek.. hahahaha...



4 komentar:

  1. Nek Sampeyan dadi presiden ojo lali yooo karo inyong di pek dadi Mentri hehehe

    BalasHapus
    Balasan
    1. Hissstt.. aja seru-seru mengko akeh sing krungu kang.. wahhhh.. bahaya bisa-bisa mlebu kunjara... hahahaha... tenang...
      bisaa diatuuurrr... wani piroooo...???huhahahahahahahhahahaa.. kesuwun ya kang wis mampir..

      Hapus
  2. ala ya ngonoh. . . . . mbok menawa kelakon ddi presiden nyong nunut sepiring. . . . ya ibarat sedulur dadi kon tulung tinulung, , ,

    BalasHapus
    Balasan
    1. iya yu nasyiatun.. kesuwun pisan kiye laghhh dongane.. wis tenang bae.. mengko tek catet siji2.. arep njaluk apa.. hahaha.. tapi kesuwun ya wis dolan nang bloge inyong ya yu...

      Hapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....