Senin, 21 Mei 2012

NUTURI PLASTIK

"Kebersian kuwe sebagian sekang iman" 
iya ora kang? ( jerene pak ustade inyong kaya kuwe kang..) sendableg-ndablege inyong nek diwulang ya mesti jan ngrungokna inyong kang.. yu.. jajal nek rika pada.. hayuuh ngaku... mangkat isuk kang umah nembung ro mbokene tah sekolah.. njaluk sangu beee rongewu dewek... mayaar yaah... nggo numpak bis limangatus, sewu limangatus nggo dolan nang pasar paing karo ngenteni bakul dara teka.... jan... rika pada jan klakuanee.... hahahahaa...

     Kang.. yuu... lik... kabeh bae yah.. kiye ketemu maning karo inyong lah... siki nyong arep ndeplak kang.. kiye sandingane jan.. clebek di tor banyu panas.. arep ora kiye kang?? hahahhaa... kang.. nyong wingi anu tes nderep yah kang.. karo babad nang sawaeh lik rastam.. nah nang tengah ndalan inyong nglewati jembatan. inyong njajal mandeg nang tengah-tengah, tingak-tinguk ndeleng ngisor mbok ana iwak sepat liwat.. ( sepat... sepatu mbok...) hahaha.. jajal kang apa sing tek deleng kang.. KRESEK PLASTIK pada pating tumpuk ngumpul kampul-kampul nang nduwur banyu kang... haduuuuuuuuh lah... priyatin banget nyong yakin kang... nek pas banyune gedhe pa ora mbludag kebanjiren sing pipir brug kuweh yah kang.. nahhh.. inyong kiye ndeleng ada masalah Plastik kiye kang.. siki nyong arep ndeplak sing tek wei judul "NUTURI PLASTIK".


     Kang.. jajal deleng bae nek sedinane wong pada mbuwang plastik sembarangan, se enggon-enggon.. lumrah ora lumrah kuweh kang...?? Enggane yah kae mbekayune tuku Lombok, kencur, be diplastiki siki.. pa maning nek rika meng indo mampret.. pa meng alpamampret.. tuku siji be karo plastik.. mbok jan konsumsi plastik marekna bisa dadi bencana nang ndi papan. iya ora kang?? bisa banjir, penyakit nang ndi-ndi.. lah akeh pisan yakin sing disebabna nang plastik kuwe kang.. 


     Kiye nyong ana deplakan crita kang jamane nyong tesih cilik kang.. nyong kan bocaeh bersian yah kang..(hahahaha.. bebek kon ora silem-anune dewek kon ora dialem). tapi kisah nyata kiye kang.. sapet jaman nyong cilik nyong wis ora seneng jenengane maring plastik kang. nah crita kiye pas nyong tesih kelas telu nek ora kelas papat ES_ED kang. kaya kiye nyong kan sering kumpul-kumpul karo kanca batire nyong.. nah sekang kumpulan kuwe nyong pada gawe sayembara ngumpulna plastik bekas kembang gula ceker utawane hot-hot pop, karo plastik mie anak mas. jajal emut ora rika karo panganan jajanan kaya kuwe kang... hahaha.. nah kuwe pada wektu kuwe nyong karo batir-batire urunan nggo ngko sing menang ngumpulna plastik-plastik kuwe kang. singpaling akeh sing menang. ulih hadiah pokoke. kereaktip mbok dolanane nyong kang,. hahahaha...lah wektune kuwe pokoke ngasi ngesuk dikumpulna terus diitung. kelompok-kelompokan gemiyen kang.. nek sing bareng karo bocah wadon lah.... kesuwen ngapa-ngapane.. hahahaha..  guyon yuu,, mbekayune.. aja mrina lah.. owa ilok.. hehehehehe..


Petualangan di mulai kang..(kaya sung gokong yah kang... hahahaa)
     Inyong ketiban karo kancane inyong sing kaya rumen kae jenengane kang.. nahh iya bener kuwe kang.. si JQKA.. hahahaha.. bekal wis disiapna.. tuku es lilin loro. gole nggoleti pokoke meng ndi ora.. maring ngisor kandang pitik, ngisor tetean, nang blumbangan, nang ngisor tumbukan runtah, ngasi nang ngisor kandang pitik bee digoleti kang.. mbrangas banget yah kang.. hahahaha. pokoke nutur sing jenengane plastik bekas wadah kembang gula alias permen ceker napi dudu sunduke luh yah kang... kiye bungkuse. terus karo wadah mie anak mas. nah barang dinane pada ngumpul maning kang.. penghitungan!! kaya pemilu bae yah kang... hahahaha. diitung metuk siji-siji. tapi menang kalah hadiaeh tuku orson papat di inum bareng.. hahaha.. sing penting pada guyub ora pada tukaran kang.. 

     Nah sekang cerita kae nang nduwur mau yah kang.. bisa di jiot manpangate kang.. kira-kira nek dewek utawane anake dewek kon nglakokna kaya kuwe gelem ora yah kang.. ya... emoooohhhh!!! hahahaha.. siki pada dijiot hikmaeh yah kang... hikmaeh yah kang.. 
  1. Mupuk Kebersamaan, nah mupuk rasa bareng lan gotong royong mbok angele pisan jaman kaya siki yah kang,, akeh pokoke dewek. ora dewek ya emoh.. karo tangga be adoh.. mati ndarani rep ngerong, ngedug lemah dewek mbok.. hahahaha.
  2. Jaga Kebersihan kang, nah anake dewek, ya dewek kudu bersyukur siki jamane wis serba modern jang.. apa-apa njaluk ana. tapi ya mayuh di jaga lingkungane, karangane kabeh kang sing jenengane PLASTIK kang.. ben ora mampet sing marekna banjir luber yah kang.. 
     Ya mungkin semono kang inyong gole ndeplak kang.. jajal di resapi(kaya banyu bae nang dandang di resapi) hahahaha. ya di jiot hikmah sing apik.. muga-muga bermanpangat nggo kabehane yah kang...
cukup semanten saking inyong..

"Si Karman lagi mangan, mangan karo jangan tempe...
mayuh kabean, pada di jaga lingkungane..."



2 komentar:

  1. Bahasa nenek moyangku nih kan aku dari cilacap heheheh

    BalasHapus
  2. Kesuwun mas Fery wis dolan meng bloge inyong kiyeh... genah lagi blajar nguri-uri bahasane kaki mbaeh koh kang.. hehehe

    BalasHapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....