Jumat, 11 Mei 2012

Kosa kata, Kata Kosa nang Kluwarga

Kang...
Lik.... 


     Kula nuwun.. kiye berdasarkan anu reques kang lik dasam, jere njaluk diwei kosakata dadi wong-wonge pada paham.. ya... kesuwun, nek kaya kuwe.. tapi sing mandan bingung yah... bahasane inyong kiye jan mandan angel di cerna.. hahahaha... lah wis pokoke nyong arep nulis kosakata-katakosa ya kang...
aja pada jotos-jotosan.. kiye kosakata-katakosa jeneng-jeneng sambatan keluarga. 
monggoh dipirsani ya....


  • Inyong : Saya, Aku, my self, I am
  • Kowe : Kamu, You

  • Ramane,Bapane : Bapak, Ayah, Father
  • Biyunge, Mbokene, Mamake : Ibu, Mama, Mother
  • Kakange, Mamase : Kakak(Lk), Brother
  • Mbekayune, Yayune, Mbak : Kakak(Pr). Sister
  • Adhine, Rayine : Adhik, younger brother
  • Mbaeh Kakung : Kakek, Opa, Grandfather
  • Mbaeh Putri : Nenek, Oma, Grandmother 
  • Mbah buyut, buyute, eyange : buyut, simbahbuyut,great-grandfather
  • Putune : cucu, grandchild
  • Pakgede, gedene, Uwa Lanang : Pakdhe', his brother's father 
  • Bugede, budene, Uwa Wadon  : Budhe', her sister's father
  • Lilike, lik lanang, Pamane : Om, Paman, Uncle
  • Lilike, lik wadon, Bibine : Tante, Bibi, Aunt
  • Ponakane, adiponakan :Kemenakan,keponakan, anaknya om&tante, nephew, niece
  • Lanang, ganangan, jaler : laki-laki, cowok, man
  • Wadon, gadon, estri : wanita, cewek, woman
  • dulure, dulur : saudara
  • Wong, uwong : orang, people
  • Wong tuwa : Orang tua, perents
  • Enom : muda, young
  • Bocah : Anak, Child
  • Mertuane : Mertua, in law
  • Mantune : Menantu, law
  • IPene : ipar, sister / brother in law 
  • Mbojo : Menikah, married
  • Bojone : Suami/istri, husband or wife
  • Mbarepe : Anak pertama, first child
  • Ragile : Anak terakhir, last child
  • Kanca-Batir : Teman, sahabat, Friend
  • Brayane, seplantaran : Satu angkatan, One generation
  • Bareng : bersama, Together

     Kang.... yuuu... wis dimin ya... kuwe sing menurute inyong.. nek pendate rika ana, ngeneh dikomen, dadi diwei saran ya lah... nylekamin mbok kang...

     Ya wis dimin ya.. muga-muga akeh manpangate kang...
kula nuwun.....

"Lik gimin tuku lanthing, lanthing di pangan ngisor blarak
wis dimin nggo ngesuk maning, nek ketemu maning mayuh pada Ndeplak !!" hahahaha....


0 komentar:

Posting Komentar

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....