Minggu, 22 April 2012

Titi Mangsa Bahasa

Kulo nuwun.. lik. yu, kang, sapa baen ya.. 
     Nyong arep ndeplak masalah bahasa kiye lah.. bahasa mbok pada bae basa, bahasane dewek kiye jan bener-bener bahasa sing nylekamin pisan. iya ora jajal.. mbok ra ana liyane.. bahasa ngapak-ndeplak kya klepekan dara yakin. hahaha.. nyong rumangsa wong ngapak, jan nyong ra isin2na rep ngomong apa deplak bahasane penginyongan kiye.mbuh arep di wada apa nang wong liya. penting nyong tresna ro bahasane nyong dewek.

     Kiye siki jan jamane serba apa bae ana.. rep madang gari njeglekna kompor, rep lunga-lunga mbok gari nggendhong ublugk.. cengeees-nges-nges.. mbreeemmmm.. cempal ro menit gutul.. ra ana sing leled siki akeh sing cepet. iya ora kang, yu?? lahh.. ngonoh rep atos-atosan ya ngonoh.. karep-karepe..



  Naaahh,, jenenge bahasa, siki macem-macem kaya gethuk mawur.. nyong kiye mung wedi mbok-mbok bahasane dewek kiye di colong,di garong nang tanggane. dadi ya kepriwe carane nyong-rika pada nglestarikna bahasa sing bener-bener wis ana kawit gemiyen kiye. aja cokan isin lah.. aja cokan mrengut nek ana sing ngledek.. kudu bangga ya ora kang.. yu...??

     Bahasa ngapak kuwe asal mulane nyong rung patia ngerti koh.. nek jere bapane nyong tah anu kawit gemiyen jan anu wis ana. aksarane nganggo "A", ya ora kabeh masa dadi A.. ya ana. kira-kira sing nganggo bhasa ngapak kiye anu daerah sekitare BARLINGMASCAKEB (Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen) TEGAL. pokoke sekitar sikil gunung slamet. ngerti mbok gunung slamet lik, yu, kang kabeanne..

     Lik, yu kang kabeh.. siji mung tek peseni ya.. tulung bareng-bareng njaga lan nguri-uri nek jere dalange.. bahasa ngapak kiye lah.. ja ngasi di colong pa maning di tuku. jan kebangeten temen yah.. titi mangsane wis pada-pada di gayuh, sing rukun nang ndi bae yah.. [ada-pada wong ngapak sing rukun nang ndi papan. aja cokan gelut lah. isin kae lah meng bapane nang umah.. hahahaha..

    Ya wis disit ya.. sekian disit postingan kang nyong, kesuwun wis gelem maca. nek bisa ya jajal di komen.. kurang apane ya... suwun lik,yu,kang kabeane lah..


2 komentar:

  1. laghhhh sapa kiyeee,,, jan babeeehhh ngapa2ne jan.......

    BalasHapus
  2. Yap benull kiye nyong juragan gandul... haahahaha.. kiye sapa yah.. deneng ora nana jenenge.. lah sih kepriwe lik... lik.... hahaha

    BalasHapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....