Sabtu, 12 Mei 2012

Otong Abung Tiiiyyeet...

" Otongabuuung tiyeettt,,,
endas gunduull pedettt...
eleleeleleehhh....
Otongabuuung njaluk duwite lahh... "
Huuuwaaahahahaa....
Tesih emut mbok kang... yuuu... kabeehh... kuwe tembangane nek ana montor mabung.. jan senenge poool mbok nek ana montor mabur.. haduuhhh genah anu bocah cilik ndesa maning... hahahhaha,,,, huussstt bubar-buabar... hahahahaha... aja dimin kang.. kiye ngeneh pada deplakan lah.. dari pada sing ora-ora kang.. hahaha.
.



      Siki inyong agep ndeplak masalah montormabur guweh kang.. biyen nek kaki-nini ne inyong crita yah kang... ngemben bakal ana wesi bisa mabuur nang awang-awang.. kan ternyata siki kebukti mbok kang.. ana montor maburrr.. jajal sapa sing urung tau numpak motor mabung.. ngaccuuuunnggg.... lahhh kuwe genah banget yakin ndesane... hahahahaha... jan angger numpak montormabur jan penak pisan kang... kaya numpak undar-undaran guweh kang... smriwinggg... jan ora panas, ora mambu kringet, wangi yakin kan.. urung maning jan pramugarine... hahahahahhaa... glemek-glemek kaya bungkusan ketan kae nang kondangan... hahahahhaa...

      Geh inyong wingi karo mau kuwe anu ndeleng brita yah kang.. ana montormabur anu nubruk gunung guweh kang.. melassss banget janeh nyong kang miris atine nyong.. menurut info sing nyong ulih yah.. mung jarak wektu 22 menit wes adoeh melah-meluh malah jere ilang kontrak.. ehh ilang kontak kang pusat kana kang.. malah ijik-ijik ana berita maning kuwe nubruk gunung kang.. sing dadi pertakonanku yah kang.. deneng koh nabraki gunung yah,,,ujarku ya awang-awang mbok amba yah kang.. mbok ya nek nabrak gunungan tumpeng ya malah wareg kayan-kayane.. hahahaha...

      Jaman modern genah apa-apa ana yah kang.. gemiyen jaman ora ana apa-apa ya ora ana sing ora-ora.. ya sedyan mung senthir iwir-iwir.. tapi ati ya ayem tentrem yah kang.. hahahaha.. yah sih tergantung ewonge sing njalakna lan nrima kabeh mau yah kang.. sing penting tulih aja jotos-jotosan yah kang...

      Ana montormabur superjet nabrak gunung, nah kiye nek nyong ngemben seumpamane dadi psesiden rep gawe montor mabur sing bener-bener ngutamakna slamete uwong sing numpak kang.. kiyeh contone kang.. nyong wis gawe gambare kang.. dideleng ya kang... kiye meneh deleng kiyeehh... sing pertama kiye tek jenengi :
  • MEGANJET TLAMPIK

      Kiye gambarane nyong kang, seandene dara kiye ngesuk di sogi mesin jet mbok kayan-kayane cepet pisan yah kang,, wong lagi ora disogi beeee... mbok nek mangsan dara nggo primadona. burna sing adoh terus di klepekki sing tekan disit ya menang kang.. ngko dadi bisa nggo totoan dara kang.. tapi aja ya kang.. domaeih kae nang raja ndangdut.. judiiiii..... hahahahaha....

  • BLEWUKPLONTANK JET 1000an

      Nek kiye tek jenengi Blewukplontank jet 1000an kang.. pokoke saingane jet-jet liyane kang.. bantere angin bae kalah banter kiye kang.. pokoke dinamis lah.. kira-kirane ora bakal nabraki umah kang.. nek mliyuk-mliyuk pa maning nek ngejat... laahhh... jet100 be kalah kang.. wong kan nggon ku kiye jet 1000 kang ya.. pokoke montormabure nang srandil suarane tesih krungu mbrengengeng nang baturaden kang... selain kuwe kiye bisa ngerim otomatis kang.. wis pokoke apik pisan kang.. nglah-ngalahna liyane kang.. disamping kuwe kelewiane akeh pisan. bisa ngejat sewayah-wayah kang.. jajal deleng bae ngesuk kang.. hahahaa... 


      Kuwe disaine inyong kang.. apik-apik mbok kang.. lah ya pokoke nylekamin pisan kang.. kirane montormabure nyong kiye wis tuwa bisa di goreng, bisa dipenyet.. mbok mendayaguna bangetlah... hahahhaa....

Cukup semanten ya kang gole deplakan.. ngesuk disambung maning kang...
matur suwun kang-yuu kabehan bae yah...
sing penting aja pada jotos-jotosan ya kang...


5 komentar:

  1. jian mantep pisan kiyeh kang,blog kaya kiye sing agi tek goleti hheeeee,log bahasane inyong...mantep pokoke.salam paseduluran..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Matur kesuwun kang wis nyambangi blogge inyong kang.. ya senajane beda daerah, misi ne ya nguri-nguri bahasane panginyongan kiye kang...iya mbok kang... salam dulur penginyongan ya kang...

      Hapus
  2. alah rika esih kemutan baen ya akng,otong abung...otong abung heheeee..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Huahahahaaaa... genah anu ndeleng berita koh isine mung otong ngabungggg tok... ya njedig utekku koh.. hahahaaa.. tapi kesuwun ya kang wis mampir nang Banyong.. hehehehe..

      Hapus
  3. nek jaman cilikane nyong wis beda tembang nek ana motor mabur liwat,kang,
    "otong abuuung...njaluk duitee.." hehehe

    BalasHapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....