Rabu, 09 Mei 2012

R2N (Repek,Ramban, Ngarit) nang Talun

" Gag Ada Rotan, Repek pun Jadi " hahahaha...
Lik, yu, kang... kiyeh ketemu karo inyong maning yah.... hahahha... mangap kiye nyong tembe perjalanan jauh alias mengembara (kaya sung gokong bae yah ) hahaha.. sing penting aja jotos-jotosan ya kang..

     Kang kiye nyong arep Ngumpruk lah (esuk-esuk ngumpruk dipit lah go tamba klangenan ples kopi clebek kiyeh..) Kang.. Mbekayu...kiye siki nyong arep ngumpruk sing jenengane repek, ngarit nang talun. rika ngerti repek mbok kang, masa repek ora ngerti ya kebangeten yah.. jan.. SEMBLOTHONGAN kuwe jenengane Kang..kang...hahahaha.. Repek kuwe nggolet Pring utawane kayu garing sing tiba nang ngisor wit kang udu mbedul pager tamanane ewong yah... Saru kuwe jenengane.. hahahaha... nek ngarit lan ramban weruh mbok kang.. ya kuwe nggolet suket nggo empan wedus utawane kewan sing dingoni nang rika kabeh kang lah... hahaha..


     Okehh, siki nyong arep ngapa yah... nyruput kopi diminlah ben tambah gagah hahahahaha... kiye ana kopi, ana udud bangjo(abang ijo) sintren kiye lah.. mbok nek ngudud sintren jan klangenan pisan.. gole udud nang umah ambune ngasi tekan talun. hahahahahaaapreeeetttt...(lah sapa kuwe sing ngguyu kepenthut lah... Mbajug..!!!!) hahaha.. sing penting aja pada jotos-jotosan ya Kang.. njagong apa ngedoprok ngeneh.. klekaran ya kena, karo nyambi deplakan kang...

     Kang, mayuh pada Repek nang talun, kiye nyong ana cerita kang antah berantah.. hahaha kaya critane wong landa bae yah kang.. hahaha... kaya kiye critane kang.. Nyong kan gemiyen jan anu pecicilan pisan dadi bocah ya dolane mbuh maring ndi bae, keburan ya mancing ( mancing iwak loh kang, udu mancing sing liya-liyane kang..)  Kiye critane anu kira-kira tengari awan lah kira-kira anu jam loro awan. sepi banget, genah anu mangsane wong pada ngaso sih yah.. tapi genah nyong ora bisa turu, dadi nyong dolan meng nggone si JQKA(bocah sing wingi kae pas nyong crita atraksi kang... hahaha) kiye kan jan anu sohibku jan plek-njembelek pisan, wong nek tuku es lilin yah.. nyong tesih nglamodi es lilin, kae bocah ya ngenteni karo klamodan ngiler njaluk paroane.. jan.. jan.. mbuh siki nang ndi kae bocah.. jere siki wis dadi direktur.. klalen kayong-kayonge karo panginyongan kiye.. jijih kayane ketemu ro inyongkan kang.. lah kanane wis nganggo dasi ben dina nyekel duwit, lah ketemu wong kaya nyong ya ra gelem lah.. wong nyong embred macul, nguli, ben dina cebrik nang sawah yah kang... hahahahahaha.... (JQKA piisss)... sing penting aja jotos-jotosan ya kang... mbalik kiyeh meng cerita kang.. mengko ora mari-mari nyong arep gelisan ngarah THO_E nggo empan pitik koh... hahahaha,,  kaya kiye nyong dok-dok umah si JQKA.. tek celuki koh ora muncul-mbendungul.. ealah malah lagi ngedoprok nang kamar mandi.. ya dadi sasaran empuk nang nyong.. hahahaha.. nggolet rapiah tek gondeng gulune kang nduwur.. huahahahahahahaha....

     Bar kang nggone si JQKA nyong nyamper lilike nyong sisan, inisiale apayah.. DD (damai lik... aja mecucu lah.. mengko tek wei permen jae kiye lik...) hahahaha... naaahhh... batir-batir kabeh wis tek undangi kabeh, lah pokoke kaya arep kepungan kuweh.. hahaha.. ana sing nggawa arit, peso, kandi, welad... lah macem-macem kaya anu rep perang kae kang.. hahahaha...kedimik-kedimik... pada mlaku meng talun karo ngeduprus pilem kartun kae sing wingi lik.. hahahaha... mbendongo wis tekan talun lik... ana sing nggolet klandingan, ana sing bagian nggolet uwi.. kaeh lilike nyong si DD senengane nggolet uwi garing trus di cuuuss nggo udud-ududan.. hahahaha...( damai lik.. kiyee kembang gula jae lik..) hahahaha... ana sing tukang ngarit,ramban, ya ana bae sing nggolet jangkriiik.. wong awan-awan nggolet jangkrikkk.. ya ulieh GASIR... hahahaha...

    Naahhh passs kuwe ana batire nyong sing jenengane si AM lik... si AM kiye bocaeh cilik,gering jan temikel banget angger repek kuwe jan no.siji.. rajane repek kang.. hahahaha... nah pas kuwe kae bocah kuwe weruh ana pangpung garing wit mirah jan mbok nyenengna ati nggo wong repek... nah... kae bocah kuwe temikel-temikel... menek jan ora karo anda be cepet banget tekan nduwur kang... breet---breettt--- kaya jan duwe ajian mabur koh.. hahahaha,,,,  genah wis nang nduwur nyong pada nang ngisor ya ndengar karo ngenteni tiba pangpunge ngko nang ngisor nggo rebutan.. genah bocah si yah kang... hahahahahahaha... sing penting aja pada jotos-jotosan ya kang... wong bedug-lingsing pada repek nang talun jan.. bocah-bocaaaahh ya kang... si AM kuwe kan tesih nang nduwur ya kang... nah ora disangka, ora ina, ora ketanggor kang... kiye bocaeh menyak pring tepo... nahhh... nyong-karo batir-batir sing nang ngisor ya anu lagi sibuk karo penggaweane dewek-dewek nang ngisoor kang... ijig-ijig kuwee ana suara jan onine nyenengna atine wong repelk kang,,,, BLEEEEEEKKKEEEEETTTHHHOOOOKKKKKKKKKZZZZZZZZ........ EEMMMMBRRRRRUUUUUUUUUKKKKK....... nyong kanca batir pada ya mlayu ya kang.. PANGPUNG GEDHE KIYE ujar kua yah kang malah si AM sing tiba.... 

     Huuuaaahahahhahahahahahahahahhahahahahahahhaaa.... tek tilike bocaeh methangtang karo nangis kang... lah nyong pada deleng-delengan kang... kang mburi ana sing ngruwing-ngruringgg... HEHHHHH.... aja pada repek awan-awan akeh belis ngibing karo ngacung-ngacungna arit kuwee... nyong kabeh pada MLAYU kang... plencing-plencing... wuuussshh... wuussshhh srandal di cangkleek pokoke mlayuu.. hahahaha... lah si AM tek tinggal.. jan melas pisan janehh... lah ya embuuh sing penting mlayuuu kang... ora ulih pangpung ngko mlah ngko di penthung wong... huaaahahahaha...

    Wis dimin kang kiye nyong ditunggu juragane kon ngusungi gandul...
hahahaha... cukup semanten kang,,, nek ana cocote nyong sing kendeplaken tulung di benerna ya kang...
matur suwun kang, yuuu wis gelem maca lan ngrungokna critane inyoongg...



2 komentar:

  1. Balasan
    1. Injih Kang Arsin, matur suwun sanget.. njih mayuh pada mbruwun.. ngko tek gawakna sega ro jangan gandul.. hahahaha...

      Hapus

Matur Suwun wis gelem nyocoti isine bloge inyong.. ya sing penting aja pada JOTOS-JOTOSAN ya Kang....